Friday, 13 May 2011

asli suroboyo

(oke, sebagai orang jawa timur tulen, kali ini gue mencoba ngomong pake bahasa jawa timuran yaa.. kalo kalian pada kagak ngerti, ya, bisa comment apa artinya. dan sebelum gue dituduh suka ngomong kotor, disini gue ngejelasin bahwa sebenarnya kata "JANCUK" adalah sebuah umpatan. tapi, kata "CUK" yang diambil dari kata JANCUK tadi, adalah sebuah sapaan yang mirip dengan sapaan "BRO!" atau "SIST". alright, lets we start it!)

weleh, cuk! sumpah, dino iki aku lali nggowo saus sambel kanggo mangan bekal ndek sekolah. sumpah, sego rasane hambar nek gak onok sause.
sakjane gak penting seh, aku ngomongi saus...

*eh, sek yo, aku kate nang kantin, kate tuku ngombe karo jajanan cilik..*
*tapi ndak sido wes, iling nek nggowo ombean dewe*

lha terus iki aku kate ngomong opo wes nganggo jowoan suroboyo?
masalah cinta yowes bosen, lha terus masalah opo? MySpace

oh iyo ding, konco raketku, jihan, mlebet griya sakit.. opname. gak weruh loro opo.
sakjane kate nyambangi cuma aku sibuk puoll..
lha apane sing gak sibuk? mulai dino iki nganti sesuk, aku gak mandek, pek!
ngurus acara nang MPS karo EXPO.. lha mangkane acarane barengan. untung ae lokasine iso dijangkau karo mlaku tok.. alhamdulillaaaaaahhh..
mugo2 koen ndang waras wes je.. sakmarine 'sibuk2an' aku tak ndang nyambangi koen..

terus, dino iki, kembaranku ulang tahun.. (endi onok kembaran tapi ulang tahune sijihan?)
dhaniar ulang tahun...
rong taun wingi aku ngado boneka kodok ijo..
sing taun wingi gak ngado, bokek..
taun iki gak ngado maneh, lah mangkane ayahku mari mlebu RS, dadine duwek akeh tompes, duwek sanguku dikurangi. yowelah gak opo2... jenenge yowes musibah tooh?
met ultah yo sayang... MySpace

terus, *opo maneh wes?*
maneh2 aku cemburu, pek!
lanang sing tak senengi mesti ae rodo judes karo aku.
yo ndak judes2 soro seh, mek rodok cuek ngono..
pengan misuh sakjane, cuma aku rasane duso soro nek misuh.. hahahaha

*sakjane saiki wes bell mlebu pelajaran maneh, tapi jarena mulih isuk.. emboh lah*

jik tas, koncoku sing ndek negoro chile, ngachat aku, ngomong ngene, "awakmu sido gak ndelok paramore?"
(jelase de'e ngomong nganggo boso inggris, cuma iki tak artekno)

*jik tas bell mulih. alhamdulillah mulih isuk!!!*

nah iki nggarai aku bengong.. yaopo yo?
masalahe tikete iku larang soro

*sek, liwat.. aku NDAK REMIDI GEOGRAFIIIIII!!!* MySpace

sing paling adoh teko stage ae regone 400 ewu..
lokasine ndek ancol karo ndek garuda wisnu kencana bali..
aku wes rundingan karo febri, sobatku seneng paramore pisan..
jarene nek nabung yo gak nutut...
saiki ojok mikir tikete tok.. transport? nginep? mangan?
uakeeeehhh soro iku, cuk!

halah emboh wes, gak ndelok yo gak popo
 

No comments:

Post a Comment